11 Tembang Macapat Bedhaya Ketawang Mengalun Sakral di Karaton Surakarta

Solo, JendelaDesa.com– Suasana sakral dan magis menyelimuti seantero Sasana Sewaka Karaton Surakarta Hadiningrat pada hari Anggara Kasih, Selasa Kliwon, 7 Juli 2026. Angin yang semula berembun seolah tertegun, dedaunan pun meneng anteng saat kepulan asap dupa rasamala dan gaharu mulai menguar, mengantarkan keagungan sebuah tarian suci para raja: Bedhaya Ketawang.

Bukan sekadar gerak wiraga, ritual agung ini merupakan perlambang bertemunya cinta spiritual antara Penguasa Laut Selatan, Kanjeng Ratu Kencanasari, dengan trah luhur Panembahan Senopati Mataram. Sebuah harmoni langit dan bumi yang termanifestasi dalam jentikan jemari, seblak sampur, dan tatapan penuh wibawa.

Semburat magis itulah yang mengilhami Purwadi untuk merajut untaian sejarah dan luhurnya budaya ini ke dalam reroncen (rangkaian) 11 tembang macapat. Sebuah karya sastra adiluhung yang mengalun lirih namun berwibawa, merekam jejak kesakralan Bedhaya Ketawang dari bait ke bait.

Inilah kidung abadi, penolak bala, dan doa kemakmuran bagi bumi Mataram… Kita mulai dari tembang yang pertama:

1. Mijil

Angumandhang dumugi wiyati, Hari Slasa Kliwon, Godhong angin meneng anteng kabeh, Bedhaya Ketawang merbawani, Mangka beksan suci, Praja dadya makmur.

2. Asmarandana

Jeng Ratu Kencanasari, Tedhak Kraton Surakarta, Ndherek mbeksa nabuh nyindhen, Jroning sasana sewaka, Puja puji kekidungan, Sakeh hama musna lunga, Tanah gersang malih subur, Daya Bedhaya Ketawang.

3. Pangkur

Abdi dalem ngalap berkah, Lenggah sila mireng suwara langit, Mbrengengeng pujaning kidung, Gamelan lokananta, Ganda arum uba rempe angerurum, Kondhang Bedhaya Ketawang, Bangsal paningrat maligi.

4. Kinanthi

Pangastuti saking panggung, Sangga Buwana mas ing ngasepi, Sinuwun manungku kayun, Pepoyan kautaman, Inggil agung misungsung padesan gunung, Tumuruning karaharjan, Panguripan wong sakbumi.

5. Megatruh

Unggul pinunjul Ratu Segara Kidul, Ngereh dhasar jalanidhi, Kaswasih raja Matarum, Pinuju Anggara Kasih, Rinengga jroning kedhaton.

6. Durma

Panembahan Senapati Ngeksiganda, Narendra gung Mentawis, Sakti mandraguna, Bestari wicaksana, Walas asik kawula dasih, Beksan Bedhaya, Pralampita inganggit.

7. Pucung

Saka Dhomas Bale Kencana pinatut, Ing dhasar samudra, Dhatulaya Hadisari, Sung prebawa narendra gung Surakarta.

8. Gambuh

Uger muncul thukul, Tandur subur rumambat sempulur, Ambawani Bedhaya Ketawang yekti, Gedruk sampar seblak sampur, Kanugrahan sru gumrojog.

9. Mas Kumambang

Wiwit enjing peksi ngoceh weh pepeling, Sasmita ajar kawedhar, Bedhaya Ketawang mardi, Pangreksaning tanah Jawa.

10. Sinom

Wanci siyang katon padhang, Sawo kecik sarwa becik, Jajar jajar trang sumunar, Dodot sanggul sampur kuning, Abdi dalem makarti, Kenong kempul mangungkung, Kendhang kethuk kemanak, Cakepan pesindhen aris, Wicara wiraga wirama wirasa.

11. Dhandhanggula

Mandhegani Ratu Wandhansari, Waranggana wiyaga Bedhaya, Solah gendhing bawa sae, Tabuhan sengkut urut, Sekar wangi warna sesaji, Rasamala angganda, Gaharu ingambu, Cipta waskitha sembada, Mahanani awas emut lenging kapti, Karaton Surakarta.

Demikian runtutan 11 tembang macapat yang mengalun agung di Karaton Surakarta Hadiningrat, mengunci berkat, keindahan, dan doa bagi ketenteraman tanah Jawa.