Pagelaran Wayang Lakon Dewantara Kawedhar

Berita409 Dilihat

Yogyakarta, JendelaDesa.com – Dalang
Dr Purwadi M.Hum

Rabu, 12 Pebruari 2025, jam 11.30 Sampai selesai.
Di Fakultas Teknik Universitas Sarjana Wiyata Yogyakarta,
Jl Miliran Muja Muju Yogyakarta.

A. Urutan Cerita
1.
Jejer Negeri Ngayogyakarta.
Wayang Rama (HB VIII), Udara (Patih Danureja), Setyaki, Prabowo, Sumba, Praguto, parekan.

Gendhing ayak kabor.

2.
Kedhatonan.
Limbuk Cangik.

Gendhing Ladrang Asmarandana.

3.jejer sabrang.
Emban Kepetmega, Galiyuk, Buto Terong, Jaya Karneli, Padasgempal, Rambutgeni.
Dhemitan.

Gendhing Singa nebak.

4.Pertapan Saptaharga.
Abiyasa ( Ki Hajar Dewantara), Abimanyu (Bung Karno), Semar Gareng Petruk Bagong.

Gendhing Subakastawa.

5.
Perang Kembang
Cakil Togog Bilung

6.
Pura Paku Alaman.
Wayang Adipati Karna ( Paku Alam VIII, Ki Hajar Dewantara, Bung Karno.

Gendhing Ladrang Pangkur.

7.
Pamungkas

B.
Macapat Sarjana Wiyata Taman Siswa

1.
Dhandhanggula Sarjana Wiyata

Winursita wedharan pinilih,
Wejangan Ki Hajar Dewantara,
Babaran gagasan gedhe,
Yogya karya pituduh,
Wulang wuruk wong saknegari,
Ing ngarsa sung tuladha,
Lamun lenggah ngayun,
Lan ing madya mangun karsa,
Mawas dhiri gya tut wuri handayani,
Tatanan ing bebrayan.

2.
Sinom Sarjana Wiyata

Perguruan Taman Siswa,
Dadi sarana piranti,
Pendidikan kebangsaan,
Bekti mring ibu pertiwi,
Labuh labet negari,
Kabudayan adi luhung,
Amarsudi kagunan,
Budi luhur edi peni,
Guna cara rinumpaka nusa bangsa.

3.
Mijil Sarjana Wiyata

Medhar wulangan budi pekerti,
Bibit bebet bobot,
Becik trawaca mula bukane,
Legawengtyas minulyeng sesami,
Taman Siswa paring,
Patuladhan tuhu.

4.
Pangkur Sarjana Wiyata

Taman Siswa panjang yuswa,
Siji sanga rolikur telu Juli,
Senin Kliwon dintenipun,
Ki Hajar Dewantara,
Priyayi gung kerakyatan sinengkuyung,
Kebangsaan kabudayan,
Kapribaden jatidhiri.

5.
Asmarandana Sarjana Wiyata

Taman Siswa gya mandhiri,
Nyai Hajar Dewantara,
Raden Soebono andherek,
Soetama Suryakusuma,
Ki Sutapa Wanabaya,
Prono Widigdo mituhu,
Tjokrodirdjo Suryaputra.

6.
Durma Sarjana Wiyata

Kanjeng Raden Mas Suwardi Suryaningrat,
Trah kusuma priyayi,
Turune Mataram,
Pura Paku Alaman,
Sutartinah garwa mumpuni,
Ngayogyakarta,
Taman Siswa wus lahir.

7.
Megatruh Sarjana Wiyata

Panji Taman Siswa mengku kawruh wutuh,
Plengkung agung perisai,
Kuning emas cahya luhur,
Suci tata ngesti tunggil,
Perlambang ingkang kesohor.

8.
Maskumambang Sarjana Wiyata

Suci Tata Ngesti Tunggal tahun Jawi,
Taman Siswa sinengkalan,
Mulang muruk murwakani,
Perguruan kebangsaan.

9.
Gambuh Sarjana Wiyata

Taman Siswa misuwur,
Agung luhur wulangan sempulur,
Jatidhiri Sarjana Wiyata yekti,
Tata gati tanggap tangguh,
Tandang karya tetep tanggon.

10.
Pucung Sarjana Wiyata

Sambang sambung Taman Siswa srawung dunung,
Sarjana Wiyata,
Olah rasa mesu budi,
Bakti darma kanggo mulyaning negara.

11.
Kinanthi Sarjana Wiyata

Medhar bapa ibu guru,
Para murid gelis wasis,
Perguruan Taman Siswa,
Pendidikan
mandhegani,
Saindhenging Nusantara,
Sungkem mring ibu pertiwi.

C.
Fakultas Teknik,
Universitas Sarjana Wiyata Yogyakarta

– Dr. Ir. Iskandar Yasin, S.T., M.T., CIPM., IPM., ASEAN Eng. _(Dekan Fakultas Teknik UST)_
– Ir. V. Reza Bayu Kurniawan, S.T., M.Sc., IPM., ASEAN Eng _(Wakil Dekan I Fakultas Teknik UST)_
– Dewi Sulistyorini, S.T., M.Eng _(Wakil Dekan II Fakultas Teknik UST)_
– Ir. Dyah Ari Susanti, S.T., M.Sc _(Ka. Prodi Teknik Industri UST)_
– Ir. Widarto Sutrisno, S.T., M.T., CIPM., IPM., ASEAN Eng. _(Ka. Prodi Teknik Sipil UST)_
– Buntoro Irawan, S.T., M.T _(Ka. Prodi Informatika UST)_
– Andi Ibrahim Soumi, S.T., M.T _(Ka. Prodi Teknik Mesin UST)_
– Iswanto Apri Nugroho, S.Kom _(Ketua TU Fakultas Teknik UST)_

 

Purwadi,
Ketua Lokantara