
BOYOLALI, HarianForum.com – Karaton Surakarta Hadiningrat kembali melestarikan tradisi niti piksa dan ziarah budaya pada hari Jumah Legi, 7 Agustus 2026. Kanjeng Sinuwun Paku Buwono XIV hadir melangkah ke bumi Pengging untuk menyaksikan prosesi adat Keyong Emas dan sebar apem yang berlangsung meriah di tengah hangatnya sambutan warga serta para abdi dalem. Kunjungan yang sarat makna spiritual dan historis ini merajut kembali jejak leluhur Mataram serta Pujangga Yasadipura. Keagungan dan keteladanan sang raja dalam menyapa rakyatnya tersebut diabadikan secara indah melalui 11 bait tembang macapat berikut:
Dhandhanggula
Tedhak Pengging Sinuwun peparing,
Sunan Paku Buwono Patbelas,
Sentana bage binage,
Kemruyuk wanci esuk,
Jumah Legi Agustus sasi,
Pitu katiti tanggal,
Tahune nem likur,
Tata cara keyong emas,
Gita gati apem sumawur ing bumi,
Mimbuhi bagya mulya.
Mijil
Sinuwun pangreksa tanah Jawi,
Prebawa sang katong,
Sagunging priyayi sepuh lare,
Among tani tuhu mitayani,
Subur nandur pari,
Jagung tela pohung.
Pucung
Bagus alus Sinuwun busana besus,
Ageman kaprajan,
Edi peni merbawani,
Kathah titah sung pepuji ngalab berkah.
Gambuh
Darma bakti Sinuwun,
Sami purun mahargya nenuwun,
Jroning kapti antuk rahayu lestari,
Praba suminaring ratu,
Sumorot terang kewahyon.
Kinanthi
Tatanan sarwa tinuntun,
Pewaris Kraton Mentawis,
Kanjeng Sunan Surakarta,
Abdi dalem anekseni,
Sumuyut marang brahmana,
Welas asih marang dasih.
Asmarandana
Milang miling bumi Pengging,
Prabu Kusuma Wicitra,
Yasa dhatulaya gedhe,
Kinclong kinclong tuk patirtan,
Gemilang lampahing gesang,
Niti piksa Jeng Sinuwun,
Surakarta Hadiningrat.
Durma
Nglintir drajat pangkat semat dimen kuat,
Pasuwitan negari,
Kawula sentana,
Sinuwun sung tuladha,
Narapraja bupati mantri,
Kawicaksanan,
Pakaryan tambah becik.
Megatruh
Sru gumuruh tan noleh baya pakewuh,
Tindake Sri Narapati,
Tumuju ing sumbere tuk,
Toya Merbabu Merapi,
Weh tentreming lahir batos.
Maskumambang
Tirta Pengging gumarojog mili bening,
Paku Buwono Patbelas,
Cahyanira anelahi,
Paring padhang jagad raya.
Pangkur
Paku Buwono Patbelas,
Mesu budi nulat lelakon kawuri,
Ing Sangga Buwana Panggung,
Mrih padhanging sasmita,
Pra leluhur mangun cipta trus cinatur,
Lumantar seratan sastra,
Winaos ing tanah Pengging.
Sinom
Pujangga Yasadipura,
Tedhak turun Jaka Tingkir,
Bupati Handayaningrat,
Pembayun sri prameswari,
Kebo kenanga nenggih,
Padmanegara satuhu,
Pepundhen Surakarta,
Kanjeng Sinuwun mastuti,
Kawibawan kawidadan karaharjan.
Jumah Legi, 7 Agustus 2026.
Purwadi
